1 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun mangkene:
2 “Manawa ana wong kang kuliting badane abuh, merkutuk utawa belang-belang kaya panu, kang bokmanawa dadi wiwitaning memala saraat ana ing kulite, wong iku banjur kagawaa marang ing ngarepe Imam Harun utawa ngarepe salah sijine imam anake Harun.
3 Imam tumuli mriksaa memala ing kuliting badane iku, lan manawa wulu ing memalane iku malih dadi putih, lan memala iku katon luwih jero tinimbang kulit, iku genah memala saraat; manawa imam wus yakin bab iku, wong mau katetepna najis.
4 Balik manawa belang ing kuliting badane iku sanadyan iya putih, nanging ora katon luwih jero tinimbang kulite, lan wulune ora malih dadi putih, wong mau dikurunga dening imam lawase pitung dina.