13 lan manawa pamriksane imam memala saraat iku wus mratani kulite wong mau ana ing awake sakojur, kang malanen mau banjur ditetepna ora najis, marga malane mau wus malih dadi putih kabeh; wonge dadine resik.
14 Nanging manawa ing malane iku katon ana daginge kang pendul, wonge dadi najis.
15 Manawa imam ndeleng daging kang pendul iku, wonge ditetepna najis; daging pendul iku najis, pancen iku memala saraat.
16 Nanging manawa daging pendul iku kempes lan malih dadi putih, wonge nuli sebaa marang ing ngarepe imam.
17 Manawa miturut papriksane imam malane wus malih dadi putih, kang malanen ditetepna ora najis dening imam, dhasar wus birat najise.
18 Manawa ing kuliting badane sawijining wong ana plenthunge kang wus waras,
19 mangka tilas panggonan kang mlenthung iku ana kang mendul putih utawa ana belange putih semu abang, wong iku nuli nyuwuna kapriksa dening imam.