21 Nanging manawa imam anggone mriksa ora tinemu ana wulune putih lan belange ora luwih jero tinimbang kulit liyane, malah belange katon saya alum, wonge banjur kakurunga dening imam lawase pitung dina.
22 Manawa belange mau mremen menyang kulit liyane, wonge ditetepna dening imam yen najis, iku pancen memala saraat.
23 Nanging manawa belange mau ajeg ora mremen, iku tetep mung tilas plenthung, wonge katetepna resik dening imam.
24 Utawa manawa ing kulite badan ana tabete gosong kena geni, mangka sawarase kulite, tabet mau dadi belang putih semu abang utawa putih,
25 imam kudu mriksa, yen wulu ing panggonan belang mau malih putih, lan belange katon luwih jero tinimbang kulit liyane, dadi iku pancen memala saraat kang thukul saka tabet gosong mau, mulane wonge ditetepna najis dening imam, iku memala saraat.
26 Balik manawa miturut papriksane imam, ing belange iku ora ana wulune putih lan ora luwih jero tinimbang kulit liyane, malah katon saya alum, wonge banjur kakurunga dening imam lawase pitung dina.
27 Ing pitung dinane wong mau dipriksaa maneh dening imam; manawa belange saya mremen ing kulit, wonge ditetepna najis dening imam, iku memala saraat.