26 Balik manawa miturut papriksane imam, ing belange iku ora ana wulune putih lan ora luwih jero tinimbang kulit liyane, malah katon saya alum, wonge banjur kakurunga dening imam lawase pitung dina.
27 Ing pitung dinane wong mau dipriksaa maneh dening imam; manawa belange saya mremen ing kulit, wonge ditetepna najis dening imam, iku memala saraat.
28 Balik manawa belange ajeg ana ing panggonane, ora mremen ing kulit liyane, malah katon alum, iku pendule tabet gosong, mulane wonge ditetepna ora najis dening imam, awit iku mung tabete gosong bae.
29 Karodene maneh manawa ana wong lanang utawa wadon memalanen ing sirah utawa ing jenggote,
30 imam kudu mriksa memala iku, manawa katone luwih jero tinimbang kulit liyane, lan wulune lemes semu kuning, wong iku ditetepna najis dening imam. Iku borok, iya memala saraat ing sirah utawa ing jenggot.
31 Balik manawa miturut papriksane imam, borok mau katone ora luwih jero tinimbang kulit liyane, lan ora ana rambute kang ireng, kang nandhang memala borok iku banjur kakurunga dening imam lawase pitung dina.
32 Ing pitung dinane imam mriksaa maneh memala mau, manawa boroke ora mremen lan ora ana rambute kang semu kuning, mangkono maneh boroke ora luwih jero tinimbang kulit liyane,