29 Karodene maneh manawa ana wong lanang utawa wadon memalanen ing sirah utawa ing jenggote,
30 imam kudu mriksa memala iku, manawa katone luwih jero tinimbang kulit liyane, lan wulune lemes semu kuning, wong iku ditetepna najis dening imam. Iku borok, iya memala saraat ing sirah utawa ing jenggot.
31 Balik manawa miturut papriksane imam, borok mau katone ora luwih jero tinimbang kulit liyane, lan ora ana rambute kang ireng, kang nandhang memala borok iku banjur kakurunga dening imam lawase pitung dina.
32 Ing pitung dinane imam mriksaa maneh memala mau, manawa boroke ora mremen lan ora ana rambute kang semu kuning, mangkono maneh boroke ora luwih jero tinimbang kulit liyane,
33 wonge nuli cukura; dene kang ana boroke aja dicukur, lan wong kang boroken iku dikurunga dening imam pitung dina engkas.
34 Wasana ing pitung dinane imam mriksa boroke mau maneh, manawa tetela ora mremen ing kulit liyane, lan katone ora luwih jero tinimbang karo kulite, wonge banjur ditetepna ora najis dening imam, mung ngumbaha sandhangane, nuli wus dadi resik.
35 Nanging manawa borok mau pancen saya mremen ing kulite, sawuse katetepake resik,