33 wonge nuli cukura; dene kang ana boroke aja dicukur, lan wong kang boroken iku dikurunga dening imam pitung dina engkas.
34 Wasana ing pitung dinane imam mriksa boroke mau maneh, manawa tetela ora mremen ing kulit liyane, lan katone ora luwih jero tinimbang karo kulite, wonge banjur ditetepna ora najis dening imam, mung ngumbaha sandhangane, nuli wus dadi resik.
35 Nanging manawa borok mau pancen saya mremen ing kulite, sawuse katetepake resik,
36 mangka papriksane imam, boroke mremen ing kulite, dadi imam ora usah nggoleki rambut kang kuning, wong mau pancen najis.
37 Balik manawa miturut papriksane imam borok iku isih ajeg, lan wus kathukulan rambut ireng, dadi boroke wus waras, wonge ora najis, lan imam netepna yen ora najis.
38 Manawa ana wong lanang utawa wadon kang kulite ana belang-belange, yaiku belang-belang putih,
39 imam kudu mriksa, yen belang-belang ing kulit mau katon alum, dadi mung bangsane panu bae kang thukul ana ing kulit mau, wong mau ora najis.