38 Manawa ana wong lanang utawa wadon kang kulite ana belang-belange, yaiku belang-belang putih,
39 imam kudu mriksa, yen belang-belang ing kulit mau katon alum, dadi mung bangsane panu bae kang thukul ana ing kulit mau, wong mau ora najis.
40 Manawa ana wong lanang kang bodhol rambute, iku mung dadi buthak, ora najis,
41 manawa kang bodhol mung rambut ing ngarep bae, lan dadi buthak ing sisih ngarep, iku ora najis.
42 Nanging manawa ing sirahe kang buthak mau ing sisih dhuwur utawa ing sisih ngarep ana memalane kang putih semu abang, iku memala saraat kang thukul ana ing perangane sirahe kang buthak mau.
43 Imam banjur mriksaa, yen penduling memala kang thukul ana ing perangane sirahe kang buthak iku putih semu abang, rupane padha karo memala saraat ing kulit,
44 wong iku pancen nandhang memala saraat, dadine najis lan ditetepna najis dening imam, marga saka memalane ing sirahe mau.