43 Imam banjur mriksaa, yen penduling memala kang thukul ana ing perangane sirahe kang buthak iku putih semu abang, rupane padha karo memala saraat ing kulit,
44 wong iku pancen nandhang memala saraat, dadine najis lan ditetepna najis dening imam, marga saka memalane ing sirahe mau.
45 Wong kang nandhang memala saraat iku nganggoa sandhangan kang rowak-rawek, rambute kaorea, lan brengose katutupana, klawan alok-alok: najis, najis!
46 Salawase nandhang memala iku, tetepa najise. Sarehne najis mulane pamanggone kapisaha, prenahe ana ing sajabane palereban.
47 Manawa ana sandhangan kang ana tandha-tandhane memala saraat, dadia sandhangan wol utawa lena,
48 dadia tenunan utawa anaman lawe, dadia lulang utawa sadhengaha dandanan lulang,
49 manawa tandha-tandha kang dumunung ing barang-barang mau katon semu abang, iku memala saraat, perlu dipriksakake marang imam.