51 Ing pitung dinane dipriksa maneh, manawa tandha-tandha mau wus mremen ana ing sandhangan, utawa tenunan, ing anaman utawa ing lulang, iya ing sadhengah apa bae kang bakale lulang, iku saraat kang ganas banget, lan iku najis.
52 Sandhangan kang ana tandha-tandhane mangkono iku kaobonga, awit iku saraat kang ganas banget, barang-barang mau kudu kaobong nganti entek.
53 Balik manawa miturut papriksane imam, tandha-tandha mau ora mremen ing barang-barang iku,
54 imam tumuli akona ngumbah barang-barang kang kadunungan tandha-tandha iku, sarta wonge banjur kapisaha pitung dina maneh.
55 Sawuse barang-barang iku dikumbah, imam kudu mriksa tandha-tandha iku mau maneh. Sanadyan ora mremen, yen tandha-tandha iku ora owah, barang-barang mau tetep najis, iku sira obonga nganti entek, awit tandha-tandha mau saya jero ana ing sisih buri utawa ing sisih ngarep.
56 Nanging manawa miturut papriksane imam tandha-tandha mau sawuse kakumbah katon lamat-lamat, iku nuli kasuweka saka ing barang-barang mau.
57 Nanging manawa tandha-tandha iku katon maneh ana ing barang-barang mau, iku saraat kang lagi thukul, barang kang kadunungan tandha-tandha iku kaobonga nganti entek.