54 imam tumuli akona ngumbah barang-barang kang kadunungan tandha-tandha iku, sarta wonge banjur kapisaha pitung dina maneh.
55 Sawuse barang-barang iku dikumbah, imam kudu mriksa tandha-tandha iku mau maneh. Sanadyan ora mremen, yen tandha-tandha iku ora owah, barang-barang mau tetep najis, iku sira obonga nganti entek, awit tandha-tandha mau saya jero ana ing sisih buri utawa ing sisih ngarep.
56 Nanging manawa miturut papriksane imam tandha-tandha mau sawuse kakumbah katon lamat-lamat, iku nuli kasuweka saka ing barang-barang mau.
57 Nanging manawa tandha-tandha iku katon maneh ana ing barang-barang mau, iku saraat kang lagi thukul, barang kang kadunungan tandha-tandha iku kaobonga nganti entek.
58 Nanging barang-barang kang wus sira kumbah nganti ilang tandha-tandhane, iku kakumbaha maneh, lagi dadi resik.
59 Iku mau angger-angger bab saraat kang tumrap ing sandhangan wol utawa lena, barang tenunan utawa anaman, apadene sadhengah dandanan lulang, supaya katetepna resik utawa najis.”