8 Manawa miturut papriksane imam merkutuke iku saya mremen, wonge banjur katetepna najise dening imam: iku memala saraat.
9 Manawa ana wong kang nandhang memala saraat, iku kagawaa marang ing ngarepe imam.
10 Yen miturut papriksane imam kulite ana kang abuh, warnane putih, lan njalari wulune iya wus malih putih, mangka satengahe kang abuh mau ana daginge mendhukul,
11 iku memala saraat kang wus lawas ana ing kuliting badane, Mulane wong iku ditetepna najise dening imam, ora usah ndadak kakurung, marga pancen wus dadi najis.
12 Manawa memala saraat mau thukul warata ana ing kulit, nganti nutupi awake sakojur, wiwit ing sirah nganti tekan ing dlamakane, sapira kang bisa kasumurupan dening imam,
13 lan manawa pamriksane imam memala saraat iku wus mratani kulite wong mau ana ing awake sakojur, kang malanen mau banjur ditetepna ora najis, marga malane mau wus malih dadi putih kabeh; wonge dadine resik.
14 Nanging manawa ing malane iku katon ana daginge kang pendul, wonge dadi najis.