11 Anadene imam kang nindakake pambirating najis iku banjur mrenahna wong kang bakal kabirat najise iku dalah sakabehing pisungsung ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.
12 Imam tumuli njupuka wedhus gembel lanang kang siji, sarta kasaosna minangka kurban dhendha karo lengane sa-log mau, nganggoa padha digoyang dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.
13 Sawuse mangkono wedhus gembel lanang mau disembeleha ana ing panggonan nyembeleh kurban pangruwating dosa lan kurban obaran, ana ing papan kang suci, awit kurban dhendha mangkono uga kurban pangruwating dosa, iku dadi pandumane imam; iku panduman kang suci pinunjul.
14 Imam banjur njupuka getihe kurban dhendha mau sathithik dileletna marang wong kang bakal kabirat najise mau ing godhohing kupinge kang tengen ing jempolaning tangan tengen lan ing jempolaning sikil tengen.
15 Sarta maneh lenga sa-log mau kajupuka sathithik, kaesokna ana ing epek-epeke tangane dhewe kang kiwa;
16 imam banjur nyelupna drijine kang tengen ing lenga kang ana ing epek-epeke kiwa iku sarta ngepyurna lengane klawan drijine rambah kaping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.
17 Kekarene lenga kang ana ing tangane iku salong kaleletna dening imam marang godhohing kupinge tengen wong iku, ing jempolane tangan tengen lan ing jempolane sikile kang tengen, tumumpang ing getihe kurban dhendha mau.