22 Apamaneh manuk deruk loro utawa manuk dara loro, endi kang dibisani, siji kanggo kurban pangruwating dosa lan sijine kanggo kurban obaran.
23 Ing dina kaping wolune wong mau ngladekna barang-barang mau kabeh marang imam ana ing lawangane Tarub Pasewakan ing ngarsane Pangeran Yehuwah, minangka pambirating najise.
24 Imam sawuse nampani wedhus kurban dhendha lan lenga sa-log mau, banjur nyaosake iku kabeh minangka pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.
25 Sawuse iku tumuli wedhuse kurban dhendha kasembeleha, sarta imam njupuka getihe sathithik kaleletna ing godhohing kupinge kang tengen wong iku lan ing jempolane tangane tengen apadene ing jempolane sikile kang tengen.
26 Sarta maneh lenga mau kaesokna sathithik dening imam ing epek-epeke tangane dhewe kang kiwa,
27 banjur lenga kang ana ing tangane kiwa mau kakepyurna klawan drijine tangan tengen, nganti rambah kaping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.
28 Karodene lenga kang ana ing epek-epek mau salong kaleletna ing godhohing kupinge tengen wong kang kabirat najise, uga ing jempolane tangan tengen, sata jempolane sikil tengen, ing panggonan kang wus ana getihe kurban dhendha mau.