24 Imam sawuse nampani wedhus kurban dhendha lan lenga sa-log mau, banjur nyaosake iku kabeh minangka pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.
25 Sawuse iku tumuli wedhuse kurban dhendha kasembeleha, sarta imam njupuka getihe sathithik kaleletna ing godhohing kupinge kang tengen wong iku lan ing jempolane tangane tengen apadene ing jempolane sikile kang tengen.
26 Sarta maneh lenga mau kaesokna sathithik dening imam ing epek-epeke tangane dhewe kang kiwa,
27 banjur lenga kang ana ing tangane kiwa mau kakepyurna klawan drijine tangan tengen, nganti rambah kaping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.
28 Karodene lenga kang ana ing epek-epek mau salong kaleletna ing godhohing kupinge tengen wong kang kabirat najise, uga ing jempolane tangan tengen, sata jempolane sikil tengen, ing panggonan kang wus ana getihe kurban dhendha mau.
29 Turahane lenga kang ana ing epek-epeke imam mau kausapna ing sirahe wong kang bakal kabirat najise, kagawe nganakake pirukun tumrap wong mau ana ing ngarsane Sang Yehuwah.
30 Banjur deruke utawa piyike dara, endi kang disaosake dening wong mau manut kakuwatane,