27 banjur lenga kang ana ing tangane kiwa mau kakepyurna klawan drijine tangan tengen, nganti rambah kaping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.
28 Karodene lenga kang ana ing epek-epek mau salong kaleletna ing godhohing kupinge tengen wong kang kabirat najise, uga ing jempolane tangan tengen, sata jempolane sikil tengen, ing panggonan kang wus ana getihe kurban dhendha mau.
29 Turahane lenga kang ana ing epek-epeke imam mau kausapna ing sirahe wong kang bakal kabirat najise, kagawe nganakake pirukun tumrap wong mau ana ing ngarsane Sang Yehuwah.
30 Banjur deruke utawa piyike dara, endi kang disaosake dening wong mau manut kakuwatane,
31 kang siji kanggo kurban pangruwating dosa lan sijine kanggo kurban obaran kanthi kurban dhaharan. Mangkono imam anggone nganakake pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah tumrap wong kang bakal kabirat najise.
32 Iku mau angger-angger bab pambirate najise wong kang nandhang memala saraat kang sekeng.”
33 Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa lan Imam Harun: