34 “Samangsa sira wus padha lumebu ing tanah Kanaan kang bakal Sunparingake dadi ebekira, mangka ana ing tanah bakal ebekira iku ana omah kang Sunganjar memala saraat,
35 wong kang duwe omah iku kudu nemoni lan matur marang imam: Sajakipun ing griya kula kados wonten memalanipun saraat.
36 Imam banjur prentaha nyuwungake omah mau sadurunge mriksa tandha-tandha saraat iku, supaya aja nganti ndadekake najise samubarang kang ana ing jero omah kono. Sawuse mangkono imam tumuli tekaa mriksa omahe.
37 Manawa miturut papriksane imam, ing temboke omah iku, ana legok-legokan kang warnane semu ijo utawa semu abang, sawangane luwih jero tinimbang raening tembok liyane,
38 imam banjur metua saka ing omah iku menyanga ing ngarep lawang, sarta akona ngunci omah mau lawase pitung dina.
39 Ing pitung dinane imam balia maneh, manawa miturut papriksane tandha-tandha saraat iku mremen ing tembok sandhinge,
40 imam banjur mrentahna njugili temboke kang kadunungan cacad iku, padha kabuwanga menyang ing sajabane nagara ing panggonan kang najis.