53 Dene manuke kang isih urip iku diuculna ana ing ara-ara ing sajabane kutha. Mangkono anggone imam nganakake pirukun tumrap omah iku, temah dadi resik.
54 Iku mau angger-angger kang tumrap ing sadhengah memala saraat, memala borok,
55 tumrap memala saraat ing sandhangan lan ing omah,
56 bab plenthung, merkutuk lan belang,
57 minangka pituduh bab najis lan bab ora najis. Iku angger-angger bab memala saraat.”