18 Mangkono uga wong wadon manawa awor turu karo wong lanang kang mangkono mau, karo-karone padha adusa lan bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.
19 Manawa ana wong wadon kang ngetokake barang kang ajer, mangka iku getih kang metu saka ing kawirangane, iku anggone jember lawase pitung dina, sing sapa nggepok wong wadon mau, dadi najis tumeka suruping srengenge.
20 Sadhengah apa kang dituroni salawase jember iku, dadi najis, mangkono uga sadhengah apa kang dilungguhi iya dadi najis.
21 Lan sing sapa nggepok paturone wong wadon kang kaya mangkono mau, ngumbaha sandhangane lan adusa sarta bakal dadi najis tumeka surupe srengenge.
22 Karomaneh sing sapa nggepok sabarang kang mentas dilungguhi, iku iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka surupe srengenge.
23 Uga manawa kagepok ing samubarang kang mentas sumeleh ing paturone utawa sadhengah apa kang mentas dilungguhi wong wadon mau, iya dadi najis tumeka surupe srengenge.
24 Manawa ana wong lanang kang awor turu karo wong wadon mau, mangka nganti kelepetan ing jejembere, wong iku dadi najis nganti pitung dina lawase, lan sadhengah paturon kang dituroni iya dadi najis.