2 “Sira pratelaa marang wong Israel lan padha sira tuturana: Manawa ana wong lanang kang ngetokake umbel saka ing kawirangane, iku dadi najis marga saka umbel mau.
3 Mangkene gegayutane kanajisane karo umbel iku: manawa wetune umbel saka ing kawirangane iku lumintu utawa kapathet, nganti ora metu, yaiku kanajisane.
4 Sadhengah papan kang dituroni dening wong kang ngetokake umbel iku dadi najis, lan samubarang kang dilungguhi iya dadi najis uga.
5 Sapa kang nggepok paturone, iku ngumbaha sandhangane lan adusa sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.
6 Sing sapa lungguh tilas kang dilungguhi wong kang ngetokake umbel iku, iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.
7 Sing sapa nggepok wong kang mangkono iku, iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.
8 Manawa wong kang mangkono iku ngidoni wong kang ora najis, wong kang diidoni mau ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.