25 Manawa ana wong wadon kang nganti pirang-pirang dina ngetokake jer-jeran, yaiku getih, mangka ora pinuju nggarap-sari, utawa manawa kliwat saka adat sabene, iku ing sajrone ngetokake jer-jeran kang najis iku, dadia padha kaya samangsa lagi nggarap-sari, dadi iya najis.
26 Saben paturon kang dituroni salawase ngetokake getih, iku dadia padha kaya kang dituroni nalika nggarap-sari, sarta samubarang kang dilungguhi dadi najis, iya kaya najise samangsa lagi nggarap-sari.
27 Sing sapa nggepok barang-barang iku mau, dadi najis, mulane ngumbaha sandhangane lan adusa sarta bakal dadi najis nganti tumeka surupe srengenge.
28 Nanging samangsa wus mari nggrajage, banjur ngetunga pitung dina engkas, sawuse mangkono lagi dadi ora najis.
29 Ing dina kang kaping wolune njupuka manuk deruk loro utawa piyik dara loro, padha diladekna marang imam ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.
30 Imam banjur misungsungake manuk kang siji minangka kurban obaran; kaya mangkono imam anggone nganakake pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah tumrap wong mau, marga saka wetune getih kang najis mau.
31 Kaya mangkono anggonira nyingkirake wong Israel saka ing kanajisane, supaya aja nganti padha mati ing sajrone kanajisane, marga padha najisake Tarub SuciningSun kang ana ing tengahe iku.”