29 Ing dina kang kaping wolune njupuka manuk deruk loro utawa piyik dara loro, padha diladekna marang imam ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.
30 Imam banjur misungsungake manuk kang siji minangka kurban obaran; kaya mangkono imam anggone nganakake pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah tumrap wong mau, marga saka wetune getih kang najis mau.
31 Kaya mangkono anggonira nyingkirake wong Israel saka ing kanajisane, supaya aja nganti padha mati ing sajrone kanajisane, marga padha najisake Tarub SuciningSun kang ana ing tengahe iku.”
32 Iku mau angger-angger tumrap wong lanang kang nandhang lara ngetokake umbel lan kemeton kamane, temah njalari najise,
33 sarta maneh tumrap wong wadon kang nggarap-sari, lan tumrap saben wong kang ngetokake sadhengah apa, dadia lanang utawa wadon, apadene wong kang awor turu karo wong wadon kang mbeneri najis.