8 Manawa wong kang mangkono iku ngidoni wong kang ora najis, wong kang diidoni mau ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.
9 Lan sadhengah lapak kang dilungguhi wong kang mangkono iku, dadi najis.
10 Sing sapa nggepok sadhengah apa kang mentas kaungkulan badane wong mau, dadi najis tumeka suruping srengenge. Dene sapa wong kang ngusung iku, ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.
11 Karodene saben wong kang didemek dening wong kang mangkono iku, ora nganggo wisuh tangane dhisik, iku iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.
12 Wadhah grabah kang kagepok dening wong kang mangkono iku, karemuka, nanging yen wadhah kayu, kaisahana.
13 Anadene wong kang ngetokake umbel mau samangsa wus mari, nuli ngetunga pitung dina engkas, supaya kapratelakna wus birat najise, banjur ngumbaha sandhangane, adusa banyu kang mili, temah dadi ora najis.
14 Bareng wolung dinane njupuka manuk deruk loro utawa piyik dara loro, banjur sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan, lan masrahna manuk mau marang imam.