Kaimaman 16:14-20 JAV

14 Apamaneh Harun njupuka getihe sapi lanang mau sathithik, dikepyurna klawan drijine ing dhuwure tutup pangruwatan perangan ngarep, lan anaa sathithik kang dikepyurake klawan drijine ing ngarepe tutup pangruwatan nganti rambah kaping pitu.

15 Sawuse mangkono wedhus lanang kang bakal kanggo kurban pangruwating dosa tumrap wong akeh iku kasembeleha, sarta getihe kagawaa menyang ing saburine geber, lan getihe digawea padha kaya kang wus ditindakake tumrap getihe sapi mau, yaiku: dikepyurna ana ing dhuwure tutup pangruwatan lan ing ngarepe.

16 Kaya mangkono anggone nganakake pirukun tumrap pasucen, marga saka sakehe kanajisane wong Israel lan marga saka sakehe panerake, apa bae dosane. Kaya mangkono iku kang katandukake marang Tarub Pasewakan, kang lestari dumunung ana ing antarane lan ing satengahe kanajisane.

17 Wong siji bae ora kena ana ing Tarub Pasewakan, manawa Harun lumebu arep nganakake pirukun ana ing pasucen nganti sawetune, sawuse rampung anggone nganakake karukunan, tumrap awake dhewe, kulawargane lan sapasamuwane Israel kabeh.

18 Sawuse mangkono nuli metua maranana misbyah kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sarta nganakna pirukun kanggo misbyah iku; dheweke njupuka getihe sapi lanang lan getihe wedhus gembel mau sathithik dileletna ing sungune misbyah mubeng.

19 Dene getihe salong kakepyurna ing misbyah klawan drijine nganti rambah kaping pitu, temah misbyah iku dibirat najise lan disucekake saka sarupane kanajisane wong Israel.

20 Sawuse rampung anggone nganakake pirukun tumrap ing pasucen, Tarub Pasewakan lan misbyah, banjur wedhus berok kang isih urip diajokna,