Kaimaman 16:16-22 JAV

16 Kaya mangkono anggone nganakake pirukun tumrap pasucen, marga saka sakehe kanajisane wong Israel lan marga saka sakehe panerake, apa bae dosane. Kaya mangkono iku kang katandukake marang Tarub Pasewakan, kang lestari dumunung ana ing antarane lan ing satengahe kanajisane.

17 Wong siji bae ora kena ana ing Tarub Pasewakan, manawa Harun lumebu arep nganakake pirukun ana ing pasucen nganti sawetune, sawuse rampung anggone nganakake karukunan, tumrap awake dhewe, kulawargane lan sapasamuwane Israel kabeh.

18 Sawuse mangkono nuli metua maranana misbyah kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sarta nganakna pirukun kanggo misbyah iku; dheweke njupuka getihe sapi lanang lan getihe wedhus gembel mau sathithik dileletna ing sungune misbyah mubeng.

19 Dene getihe salong kakepyurna ing misbyah klawan drijine nganti rambah kaping pitu, temah misbyah iku dibirat najise lan disucekake saka sarupane kanajisane wong Israel.

20 Sawuse rampung anggone nganakake pirukun tumrap ing pasucen, Tarub Pasewakan lan misbyah, banjur wedhus berok kang isih urip diajokna,

21 Harun banjur numpangna tangane karo pisan ing endhase wedhus kang isih urip iku, sarta ngakonana sakehe kaluputane wong Israel lan sakehe panerake, sanajan apa bae dosane; apadene dosane diemotna ing endhase wedhus lanang iku, wedhus iku banjur dieculna ing pasamunan dening sawijining wong kang wus cumawis tumrap iku.

22 Kaya mangkono anggone wedhus lanang mau kudu ngangkat sakehe kaluputane Israel menyang ing tanah kang cengkar, lan wedhus iku lagi dieculna manawa wis tekan ing pasamunan.