21 Harun banjur numpangna tangane karo pisan ing endhase wedhus kang isih urip iku, sarta ngakonana sakehe kaluputane wong Israel lan sakehe panerake, sanajan apa bae dosane; apadene dosane diemotna ing endhase wedhus lanang iku, wedhus iku banjur dieculna ing pasamunan dening sawijining wong kang wus cumawis tumrap iku.
22 Kaya mangkono anggone wedhus lanang mau kudu ngangkat sakehe kaluputane Israel menyang ing tanah kang cengkar, lan wedhus iku lagi dieculna manawa wis tekan ing pasamunan.
23 Sawuse mangkono Harun tumuli lumebua ing Tarub Pasewakan lan cucula sandhangan lena kang dianggo nalika lumebu ing pasucen, padha ditinggala ana ing kono.
24 Banjur adusa ana ing papan kang suci, nuli nganggoa sandhangane dhewe, sarta metua nyaosna kurban obarane dhewe lan kurban obaran sesaosane umat; sarana patrap mangkono anggone nganakake pirukun kanggo awake dhewe lan kanggo umat.
25 Gajihe kurban pangruwating dosa iku nuli diobonga ana ing misbyah.
26 Anadene wong kang ngeculake wedhus kang kanggo Azazel iku, iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sawuse mangkono lagi kena lumebu ing palereban.
27 Sapi lanang lan wedhus lanang kurban pangruwating dosa, kang getihe wus kagawa lumebu kanggo nganakake pirukun ana ing pasucen iku, padha kagawaa metu saka palereban, sarta lulange, daginge lan tlethonge iku kaobonga nganti entek.