3 Harun anggone lumebu ing pasucen iku patrape mangkene: nggawaa pedhet siji kanggo kurban pangruwating dosa sarta wedhus gibas lanang siji kanggo kurban obaran,
4 kalawan manganggo kemejan lena kang suci lan lena kanggo nutupi kawirangane, sabukan lena lan uga nganggoa serban lena; iku padha sandhangan suci, kang dianggoa sawuse adus.
5 Dene pasamuwane Israel kajalukana wedhus berok loro kanggo kurban pangruwating dosa lan wedhus gibas lanang siji kanggo kurban obaran.
6 Sawuse mangkono Harun tumuli nyaosna sapi lanang kang arep dianggo kurban pangruwating dosa tumrap awake dhewe, kanthi patrap mangkono anggone ngolehake pirukun tumrap awake dhewe lan kulawargane.
7 Nuli dheweke njupuka wedhus berok lanang loro mau diajokna ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan,
8 wedhus berok lanang loro mau banjur kaundhia, undhi siji kagem Sang Yehuwah lan sijine kanggo Azazel.
9 Wedhus kang katiban undhi kagem Sang Yehuwah nuli diajokna lan kagawea kurban pangruwating dosa.