7 Nuli dheweke njupuka wedhus berok lanang loro mau diajokna ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan,
8 wedhus berok lanang loro mau banjur kaundhia, undhi siji kagem Sang Yehuwah lan sijine kanggo Azazel.
9 Wedhus kang katiban undhi kagem Sang Yehuwah nuli diajokna lan kagawea kurban pangruwating dosa.
10 Nanging wedhus kang katiban undhi kanggo Azazel, iku diajokna isih urip ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, kagawea srana nganakake pirukun, nuli diuculna menyang ing pasamunan kanggo Azazel.
11 Harun tumuli nyaosna sapi lanang kurban pangruwating dosa kang kanggo awake dhewe lan kanggo nganakake pirukun tumrap awake dhewe lan kulawargane, sarta nyembeleha sapine lanang iku;
12 banjur njupuka padupan kaisenana mawa mengangah saka ing misbyah kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah nganti kebak, apadene njupuka dupa racikan wangi kang alus rong gegem digawaa lumebu menyang ing saburine geber.
13 Dupane tumuli ditumpangna ing geni ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nganti kukuse dupa nglimputana tutup pangruwatan kang ana ing dhuwure angger-anggere Gusti Allah, supaya Harun aja nemahi pati.