11 Anake wadon somahe bapakira, kang patutan saka bapakira, dadine sadulurira wadon, iku aja sira ungkabi kawirangane.
12 Sadulure wadon bapakira aja sira ungkabi kawirangane, amarga iku kulit daginge bapakira.
13 Sadulure wadon biyungira, aja sira ungkabi kawirangane, awitdene iku kulit daginge biyungira.
14 Kawirangane bojone sadulure lanang bapakira aja sira ungkabi, bojone aja sira kumpuli, awit iku bojone sadulure bapakira.
15 Kawirangane mantunira wadon aja sira ungkabi, iku somahe anakira lanang, mulane aja sira ungkabi kawirangane.
16 Somahe sadulurira lanang aja sira ungkabi, iku wewenange sadulurira mau.
17 Sira aja ngungkabi kawirangane wong wadon dalah anake wadon, iya aja sira wayuh anake wadon saka anake lanang utawa saka anake wadon, lan diungkabi kawirangane, iku padha kalebu kulit dagingira, iku pratingkah kang nistha.