18 Sira aja mayuh padha sadulur kadadekake maru, padha diungkabi kawirangane nalika kang tuwa isih urip.
19 Sira aja ngumpuli wong wadon kang lagi nggarap-sari, iku najis manawa diungkabi kawirangane.
20 Sira aja awor turu karo somahe pepadhanira, temah dadi najis sakarone.
21 Anakira aja ana kang sira ulungake kagawe sajen marang Molokh, supaya sira aja nganti nyawiyah asmane Gusti Allahira; Ingsun iki Yehuwah.
22 Sira aja padha awor turu karo padha wong lanang apatrap kaya karo wong wadon, iku pratingkah rusuh.
23 Sarta maneh sira aja laku jina karo kewan, teman ndadekake sira lan kewan iku padha najis. Karomaneh wong wadon iya aja nganti mapan ana ing ngarepe kewan supaya dijamaha, iku pratingkah rusuh.
24 Poma sira aja gawe najisira dhewe, marga saka sadhengaha pratingkah kang kaya mangkono iku, awitdene bangsa liya kang Suntundhung saka ing ngarepira iku wus padha najisake awake marga saka pratingkah mau kabeh.