2 “Sira ndhawuhana marang wong Israel lan padha sira tuturana: Ingsun iki Yehuwah, Allahira.
3 Sira aja tiru-tiru tingkah lakune wong ing tanah Mesir, kang sira enggoni biyen; lan solah tingkahe wong ing tanah Kanaan, kang dadi tujuane anggoningSun ngirid lakunira; iku iya aja padha sira tiru adat kalumrahane.
4 PranataningSun iku padha sira lakonana lan katetepaningSun padha sira estokna kanthi urip miturut iku kabeh; Ingsun iki Yehuwah Allahira.
5 Poma sira padha netepana pranatan lan katetepaningSun. Sapa wong kang ngestokake mesthi bakal urip; Ingsun iki Yehuwah.
6 Aja ana wong kang kumpul karo wong kang kalebu kulit daginge kang cedhak dhewe prelu ngungkabi kawirangane; Ingsun iki Yehuwah.
7 Kawirangane bojone bapakira aja sira ungkabi, iku biyungira, kawirangane aja sira ungkabi.
8 Somahe bapakira aja sira ungkabi kawirangane, iku wewenange bapakira.