25 Nagara iku wus dadi najis, sarta Ingsun wus malesake kaluputane iku marang bangsa-bangsa iku, satemah nagara iku nglepeh kang padha ngenggoni.
26 Nanging sira iku padha netepana pranatan lan katetepaningSun, sarta aja pisan-pisan nglakoni sarupane pratingkah nistha iku, sanadyan wong Israel kang asli dhewe utawa bangsa liya kang manggon ana ing satengahira,
27 -- awit wong ing nagara kono kang ndhingini sira, iku wus padha nglakoni sarupane pratingkah nistha mau, temah nagara iku wus dadi najis --
28 supaya sira aja nganti padha dilepeh dening nagara iku, samangsa sira ndadekake najis, kaya anggone wus nglepeh bangsa kang ndhingini sira.
29 Sabab sing sapa nglakoni salah sawijining kanisthan iku, wong mangkono iku mau kudu disirnakake saka ing satengahe bangsane.
30 Jalaran saka iku sira padha netepana kuwajibanira marang Ingsun, lan aja pisan-pisan nglakoni salah sijine padatan kang nistha iku, kang dilakoni sadurunge sira, lan sira aja ndadekakae najise awakira marga saka iku; Ingsun iki Yehuwah Allahira.”