4 PranataningSun iku padha sira lakonana lan katetepaningSun padha sira estokna kanthi urip miturut iku kabeh; Ingsun iki Yehuwah Allahira.
5 Poma sira padha netepana pranatan lan katetepaningSun. Sapa wong kang ngestokake mesthi bakal urip; Ingsun iki Yehuwah.
6 Aja ana wong kang kumpul karo wong kang kalebu kulit daginge kang cedhak dhewe prelu ngungkabi kawirangane; Ingsun iki Yehuwah.
7 Kawirangane bojone bapakira aja sira ungkabi, iku biyungira, kawirangane aja sira ungkabi.
8 Somahe bapakira aja sira ungkabi kawirangane, iku wewenange bapakira.
9 Kawirangane sadulurira wadon, anake bapakira utawa anake biyungira aja sira ungkabi, dadia kang laire tunggal saomah utawa ana ing liya panggonan.
10 Anake wadon anakira lanang utawa wadon, aja sira ungkabi kawirangane, amarga kanthi patrap magkono sira gawe blenthonging turunira.