10 Mangkono uga pakebonanira anggur iya aja sira undhuhi ambal kaping pindho, sarta wohe kang kecer ana ing lemah aja sira kukupi, iku sira kerekna kanggo wong miskin lan wong manca; Ingsun iki Yehuwah Allahira.
11 Sira aja nyenyolong, sira aja goroh sarta aja apus-ingapusan.
12 Sira aja sumpah goroh demi asmaningSun, supaya aja nyawiyah marang kasucening asmane Allahira; Ingsun iki Yehuwah.
13 Sira aja nindhes marang pepadhanira lan aja ngrebut barang darbeke. Opahe wong nyambut gawe dinan aja sira endheg nganti tumeka esuke.
14 Wong budheg aja sira supatani lan aja masang watu sandhungan ana ing ngarepe wong wuta; nanging sira wedia marang Gusti Allahira; Ingsun iki Yehuwah.
15 Sira aja ndhoyongake pangadilan, aja ngrewangi wong cilik kang ora samesthine, aja ngiloni para wong gedhe, dipatitis anggonira ngadili marang pepadhanira.
16 Sira aja nyebar pitenah mrana-mrene ana ing antarane bangsanira, lan aja ngancam kaslametane pepadhanira; Ingsun iki Yehuwah.