3 Saben wong ing satengahira duwea pakering marang biyunge lan bapakne, sarta padha netepana dina sabatingSun; Ingsun iki Yehuwah Allahira.
4 Sira aja padha ngadhep marang brahala lan aja gawe sesembahan reca cor-coran; Ingsun iki Yehuwah Allahira.
5 Manawa sira nyaosake kurban slametan marang Pangeran Yehuwah, anggonira nyaosake kurban iku ndadekna renaning Pangeran Yehuwah marang sira kabeh.
6 Iku kapangana tunggal dina karo anggonira nyaosake; uga kepareng ing dina esuke, nanging sisane ing dina kaping telune kudu diobong nganti entek.
7 Manawa uga dipangan ing dina kaping telune, iku jember sarta ora ndadekake renening Pangeran Yehuwah marang wong iku.
8 Sapa kang mangan kudu nyangga kaluputane dhewe, marga nyawiyah kasucene sesaosan suci marang Pangeran Yehuwah. Wong mangkono iku kudu disirnakake saka ing satengahe bangsane.
9 Samangsa sira padha ngeneni pametune buminira, iku aja sira eneni nganti entek nganti tekan ing pinggir, lan gogrogane panenanira iya aja sira jupuki.