1 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
2 “Wong Israel padha sira dhawuhana: Saben wong panunggalane Israel utawa bangsa liya kang manggon ana ing antarane Israel, kang ngulungake salah sijine anake marang Molokh, iku kaaukuma pati, dibenturana watu dening para umat.
3 Ingsun piyambak bakal nglawan wong kang kaya mangkono iku, Sunsirnakake saka ing satengahing bangsa, marga ngulungake anake salah siji marang Molokh, dadine najisake pasuceningSun, sarta nyawiyah asmaningSun kang suci.
4 Dene manawa rakyat ing nagara ethok-ethok ora weruh marang wong iku nalika ngulungake salah sijine anake marang Molokh, lan ora aweh paukuman pati marang wong iku,