Kaimaman 20:17-23 JAV

17 Manawa ana wong lanang kang ngrabeni sadulure wadon, anake bapakne utawa biyunge, dadi kang lanang weruh kawirangane kang wadon, lan kang wadon weuh kawirangane kang lanang, iku pratingkah rusuh lan nistha, wonge padha katumpesa ana ing ngarepe bangsane, awitdene wus ngungkabi kawirangane sadulure wadon.

18 Manawa ana wong lanang kang awor turu karo wong wadon sajrone isih nggarap-sari, dadi ngungkabi kawirangane lan mbukak tutupe, sarta kang wadon iya ngolehake tutuping getihe kabukak, iku karo-karone padha kasirnakna saka ing tengahe bangsane.

19 Sarta maneh sira aja ngungkabi kawirangane sadulure biyungira utawa sadulure wadon bapakira; marga kang diungkapi iku kawirangane kulit dagingira dhewe, sakarone kudu padha nyangga kaluputane dhewe.

20 Manawa ana wong lanang kang nunggal turu karo somahe sadulure bapakne, iku dadi nyahak wewenange sadulure bapakne, sakarone padha njalari dosane dhewe, lan bakal padha mati tanpa anak.

21 Karodene manawa ana wong lanang ngepek somahe sadulure, iku pratingkah kang nistha, awit nyahak wewenange sadulure lanang, mesthi bakal padha ora duwe anak.

22 Kang iku sira padha nggatekna sakehe pranataningSun lan sakehe katetepaningSun, sarta iku padha sira estokna, supaya tanah kang dadi tujuane anggoningSun ngirid lakunira kang supaya sira enggoni iku, aja nganti nglepeh marang sira.

23 Lakunira aja manut adat tata-carane bangsa kang bakal padha Suntundhung saka ing ngarepanira; marga iku wus padha nglakoni kang kaya mangkono iku mau, temah padha Sunemohi.