5 ing kono Ingsun piyambak bakal nglawan wong kang kaya mangkono iku lan uga marang kulawargane, sarta wong iku bakal Suntumpes saka ing antarane bangsane, dalah sakehe wong kang padha melu bebedhangan kalawan nyembah marang Molokh iku.
6 Wong kang madhep marang rohe wong kang wus ngajal utawa marang rohe para juru pameca, yaiku kang bebedhangan sarana tetakon marang roh-roh mau, Ingsun piyambak bakal nglawan marang wong kang kaya mangkono iku sarta Sunsirnakake saka ing tengahe bangsane.
7 Mulane sira kudu padha nucekake awakira, supaya padha dadi suci, awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira.
8 Sarta sira padha nggatekna lan padha nindakna pranataningSun; Ingsun iki Yehuwah kang nucekake sira.
9 Manawa ana wong ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, iku kaukuma pati; marga wus ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, getihe ngenanana awake dhewe.
10 Manawa ana wong lanang kang bedhangan somahing liyan, dadi laku bedhang karo somahe pepadhane, iku loro-lorone padha kaukuma pati; iya wonge lanang iya wonge wadon kang dibedhang iku.
11 Manawa ana wong kang nunggal turu karo somahe bapakne, dadi ngungkapi kawirangane bapakne, sakaro-karone padha kaukuma pati; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.