7 Mulane sira kudu padha nucekake awakira, supaya padha dadi suci, awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira.
8 Sarta sira padha nggatekna lan padha nindakna pranataningSun; Ingsun iki Yehuwah kang nucekake sira.
9 Manawa ana wong ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, iku kaukuma pati; marga wus ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, getihe ngenanana awake dhewe.
10 Manawa ana wong lanang kang bedhangan somahing liyan, dadi laku bedhang karo somahe pepadhane, iku loro-lorone padha kaukuma pati; iya wonge lanang iya wonge wadon kang dibedhang iku.
11 Manawa ana wong kang nunggal turu karo somahe bapakne, dadi ngungkapi kawirangane bapakne, sakaro-karone padha kaukuma pati; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.
12 Mangkono uga manawa ana wong lanang kang nunggal turu karo mantune wadon, sakarone padha kaukuma pati; dene padha nglakoni pratingkah kang rusuh; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.
13 Mangkono uga manawa wong lanang nunggal turu karo padha wong lanang patrape kaya karo wong wadon, dadi padha nglakoni pratingkah kang rusuh, iku sakaro-karone padha kaukuma pati; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.