1 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Sira ndhawuhana marang para imam anake Harun, padha sira tuturana: Kang jeneng imam iku aja nganti najisake awake, marga saka wong mati ing antarane bangsane.
2 Kajaba manawa kang mati isih kulit daginge dhewe kang cedhak, kayata: biyunge, bapakne, anake lanang utawa wadon, sadulure lanang,
3 sadulure wadon kang isih prawan lan cedhak, marga durung duwe sisihan, tumrap wong iku dheweke kena najisake awake.
4 Sarehna wis bebojoan aja najisake awake ana ing antarane bangsane, awit kanthi mangkono dadine nyawiyah marang kasucene.
5 Para imam aja gawe buthaking sirahe lan aja nyukur pinggirirng jenggote, lan aja nggaret-nggareti kuliting awake.