1 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Sira ndhawuhana marang para imam anake Harun, padha sira tuturana: Kang jeneng imam iku aja nganti najisake awake, marga saka wong mati ing antarane bangsane.
2 Kajaba manawa kang mati isih kulit daginge dhewe kang cedhak, kayata: biyunge, bapakne, anake lanang utawa wadon, sadulure lanang,
3 sadulure wadon kang isih prawan lan cedhak, marga durung duwe sisihan, tumrap wong iku dheweke kena najisake awake.
4 Sarehna wis bebojoan aja najisake awake ana ing antarane bangsane, awit kanthi mangkono dadine nyawiyah marang kasucene.
5 Para imam aja gawe buthaking sirahe lan aja nyukur pinggirirng jenggote, lan aja nggaret-nggareti kuliting awake.
6 Padha dadi suci sumaos marang ing Allahe lan aja nganti nerak kasucening asmane Allahe, awitdene para imam iku kudu nyaosake kurban genenan marang Pangeran Yehuwah, iya dhaharane Allahe, mulane kudu padha suci.