14 Aja golek randha utawa wong wadon kang wus dipegat, kang wus dijamah utawa wong wadon tuna-susila, iku aja diepek, nanging kang diepek kudu prawan saka ing antarane bangsane,
15 supaya aja nerak kasucene turune ana ing antarane bangsane, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nucekake dheweke.”
16 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
17 “Sira dhawuha marang Harun mangkene: Mungguh anak putunira turun-tumurun kang cacad badane, iku aja ana kang seba nyaosake dhaharaning Allah,
18 awitdene sadhengaha wong kang cacad badane iku ora kena seba, yaiku: wong wuta, wong pincang, wong kang cacad raine, utawa wong kang peranganing awake kedawan,
19 wong kang tugel sikile utawa tangane,
20 wong kang bucu, utawa kang cebol, kang mripate mlethis, kang gudhigen utawa kadhasen sarta kang kawirangane cacad.