19 wong kang tugel sikile utawa tangane,
20 wong kang bucu, utawa kang cebol, kang mripate mlethis, kang gudhigen utawa kadhasen sarta kang kawirangane cacad.
21 Saben wong turune Imam Harun, kang cacad badane, aja nganti ana kang seba nyaosake kurban genenan marang Pangeran Yehuwah; marga ana cacade, mulane aja seba nyaosake dhaharane Allahe.
22 Bab dhaharane Allahe, dadia sesaosan kang suci pinunjul utawa sesaosan kang suci, iku kalilan dipangan.
23 Mung aja nyedhaki geber lan aja marani misbyah, marga cacad badane, supaya aja nganti nerak marang kasucening papaningSun kang suci, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nucekake iku.”
24 Kaya mangkono Nabi Musa anggone nglantarake dhawuh iku marang Imam Harun, marang para putrane lan marang sakehe wong Israel.