7 Anggone golek sisihan aja wong wadon tuna-susila, utawa wong wadon kang wus tau dijamah, lan iya aja wong wadon kang wus katundhung dening somahe, marga imam iku suci tumrap Allahe.
8 Kang iku kaanggepa suci, awit iku kang nyaosake dhaharane Allahira; kudu sira anggep suci, marga Ingsun Yehuwah kang nucekake sira iku suci.
9 Dene manawa anake wadon salah sawijining imam nglirwakake kasucene kang dirusak kanthi patrap dadi wanita tuna-susila, iku nerak kasucene bapakne, poma wong iku kaobonga.
10 Anadene kang dadi imam agung ana ing antarane para sadulure, kang wus kaesokan lenga jebad sirahe lan wus katetepake kalawan dianggoni sakehe sandhangane suci, iku aja nganti ngore rambute lan aja nyuwek sandhangane.
11 Poma, aja nyedhaki sakehing jisim, sanajan iku bapakne utawa biyunge, iya aja nganti najisake awak.
12 Karodene aja metu saka ing pasucen, supaya aja nganti nerak marang kasucene pasucene Allahe, marga saka lenga jebading Allahe kang ana ing sirahe, kang minangka pratandha anggone wus sinengker; Ingsun iki Yehuwah.
13 Anggone rabi goleka wong wadon kang isih prawan.