1 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:
2 “Sira dhawuha marang Harun lan para anake, supaya padha ngati-ati tumrap sesaosan-sesaosan suci kang padha disengker wong Israel kagem marang Ingsun, supaya aja nganti padha nerak marang kasucening asmaningSun kang suci; Ingsun iki Yehuwah.
3 Padha sira tuturana: Saben wong panunggalanira turun-tumurun, yaiku saka ing antarane sakehe turunira, kang seba nyaosake pisungsung kang disengker dening wong Israel kagem marang Yehuwah, mangka lagi mbeneri najis, wong kang mangkono iku katumpesa saka ing ngarsaningSun; Ingsun iki Yehuwah.
4 Panunggalane turune Harun kang nandhang memala saraat, utawa kang ngetokake umbel, iku poma aja mangan pisungsung sengkeran iku, sadurunge mari najise. Mangkono uga kang nggepok sadhengah kang najis marga saka jisim utawa kang mentas kemeton manine,