10 Umum aja mangan pisungsung sengkeran, mangkono uga wong neneka kang mondhok ana ing panggonane imam lan wong buruh.
11 Nanging manawa ana wong kang wus dituku dening imam sarana dhuwite banjur dadi bature tukon, iku kalilan padha melu mangan, mangkono uga kang padha lair ana ing omahe.
12 Manawa anake wadon imam sesomahan karo wong umum, iku aja melu mangan pisungsung-mligi saka sabarang pisungsung sengkeran.
13 Nanging manawa anake wadon iku wus randha utawa pegat lan ora duwe anak sarta wus mulih menyang ing omahe bapakne kaya nalika isih prawan, iku kalilan melu mangan pangane bapakne; balik wong umum aja ana kang melu mangan iku.
14 Saupama ana wong kang mangan pisungsung suci tanpa kajarag, iku nglironana marang imam nganggo diimbuhi sapralimane.
15 Para imam aja nganti nyawiyah pisungsunge sengkeran wong Israel kang padha dipisungsungake marang Yehuwah,
16 marga tindak kaya mangkono iku nekakae kaluputan marang wong Israel kang kudu katebus, yen ngantia padha mangan pisungsunge kang suci iku mau; awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nucekake.”