14 Saupama ana wong kang mangan pisungsung suci tanpa kajarag, iku nglironana marang imam nganggo diimbuhi sapralimane.
15 Para imam aja nganti nyawiyah pisungsunge sengkeran wong Israel kang padha dipisungsungake marang Yehuwah,
16 marga tindak kaya mangkono iku nekakae kaluputan marang wong Israel kang kudu katebus, yen ngantia padha mangan pisungsunge kang suci iku mau; awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nucekake.”
17 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
18 “Sira ndhawuhana marang Harun lan anak-anake sarta sakehe wong Israel, iku padha sira tuturana: Sapa bae ing antarane umat Israel lan para wong kang mondhok ana ing Israel, samangsa nyaosake pisungsunge, dadia kang arupa pisungsung punagi utawa pisungsung manasuka, kang arep disaosake marang Pangeran Yehuwah minangka kurban obaran,
19 supaya ndadekake keparenge Sang Yehuwah, pisungsung iku kudu tanpa cacad, iku kudu sapi kang lanang tanpa cacad, wedhus gibas utawa wedhus berok.
20 Apa kang ana cacade aja sira pisungsungake, awitdene iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah.