Kaimaman 22:18-24 JAV

18 “Sira ndhawuhana marang Harun lan anak-anake sarta sakehe wong Israel, iku padha sira tuturana: Sapa bae ing antarane umat Israel lan para wong kang mondhok ana ing Israel, samangsa nyaosake pisungsunge, dadia kang arupa pisungsung punagi utawa pisungsung manasuka, kang arep disaosake marang Pangeran Yehuwah minangka kurban obaran,

19 supaya ndadekake keparenge Sang Yehuwah, pisungsung iku kudu tanpa cacad, iku kudu sapi kang lanang tanpa cacad, wedhus gibas utawa wedhus berok.

20 Apa kang ana cacade aja sira pisungsungake, awitdene iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah.

21 Karodene samangsa ana wong nyaosake kurban slametan marang Pangeran Yehuwah arupa sapi utawa wedhus kanggo ngluwari punagi kang mligi utawa minangka pisungsung manasuka, iku kudu kang tanpa cacad, supaya ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah, awake aja ana cacade sathithik-thithika.

22 Kewan kang picak utawa kang tugel balunge, kang tatu utawa kang wudunen, kang korengen utawa gudhigen, iku aja sira saosake marang Pangeran Yehuwah; kewan kang kaya mangkono iku aja sira ladekake dadi kurban genenan ana ing misbyah konjuk marang Pangeran Yehuwah.

23 Nanging sapi utawa wedhus kang kedawan utawa kecendheken gegelitaning badane, iku kena sira saosake kanggo kurban manasuka, nanging manawa kanggo kurban punagi, Pangeran Yehuwah mesthi ora rena marang sira.

24 Kewan kang dikebiri srana diremuk, digecak, diremed utawa dikethok, aja sira saosake marang Pangeran Yehuwah. Sira aja nindakake mangkono ana ing nagaranira,