23 Nanging sapi utawa wedhus kang kedawan utawa kecendheken gegelitaning badane, iku kena sira saosake kanggo kurban manasuka, nanging manawa kanggo kurban punagi, Pangeran Yehuwah mesthi ora rena marang sira.
24 Kewan kang dikebiri srana diremuk, digecak, diremed utawa dikethok, aja sira saosake marang Pangeran Yehuwah. Sira aja nindakake mangkono ana ing nagaranira,
25 lan saka tangane bangsa liya sira iya aja padha nyaosake sadhengah iku mau, minangka dhaharane Allahira, marga iku kabeh wus padha rusak lan cacad; Pangeran Yehuwah ora bakal rena marang sira marga saka sesaosan iku.”
26 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
27 “Manawa ana pedhet utawa cempe gibas sarta cempe wedhus berok lair, iku awora karo embokne pitung dina lawase, nanging wiwit dina kang kaping wolune lan sabanjure manawa kagawe kurban genenan kagem Pangeran Yehuwah, iku ndadekake keparenge.
28 Sapi utawa wedhus berok utawa wedhus gembel iku aja sira sembeleh bebarengan tunggal dina karo anake.
29 Karodene samangsa sira nyaosake kurban pamuji sokur konjuk marang Pangeran Yehuwah, iku anggonira nyembeleh dinganti ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah.