29 Karodene samangsa sira nyaosake kurban pamuji sokur konjuk marang Pangeran Yehuwah, iku anggonira nyembeleh dinganti ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah.
30 Poma kurban iku dipangana ing dina iku uga; aja ana kang sira ngengehake tumeka esuke; Ingsun iki Yehuwah.
31 Kang iku sira padha nggatekna ing pepakoningSun lan padha sira lakonana; Ingsun iki Yehuwah.
32 Sira aja padha nerak marang kasucening asmaningSun kang suci, supaya Ingsun kasucekake ana ing satengahe wong Israel; Ingsun iki Yehuwah kang nucekake sira kabeh,
33 iya kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dadia Allahira; Ingsun iki Yehuwah.”