21 Ing dina iku uga sira ngumumna yen iku dina gedhe lan nganakna kumpulan suci, sira aja padha nglakoni pagawean kang abot; iku pranatan kanggo ing salawase ana ing sakehe papan panggonanira turun-tumurun.
22 Samangsa sira padha ngeneni pametune buminira, aja sira entekake nganti tekan ing pinggire palemahanira, lan kekarene panenanira aja sira asagi, iku katinggala kanggo wong miskin lan wong neneka; Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”
23 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
24 “Sira ndhawuhana wong Israel mangkene: Ing sasi kapitu tanggal sapisan ing sasi iku, iku sira dadekna dina pangasoan, dina pangeling-eling kanthi swaraning kalasangka yaiku dina kumpulan suci.
25 Sira aja padha nglakoni pagawean kang abot lan sira padha nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah.”
26 Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa:
27 “Nanging tanggal kaping sepuluh ing sasi kang kapitu iku dadia dina pirukun; sira padha nganakna kumpulan suci, lan padha ngesorna awakira kalawan puwasa sarta padha nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah.